Kidung Wahyu Kolosebo

*kidung wahyu kolosebo*

*habib asyhari adzomat khon*


*Rumekso ingsun laku nisto ngoyo woro*
*Kelawan mekak howo, howo kang dur angkoro*
*Senadyan setan gentayangan, tansah gawe rubeda*
*Hinggo pupusing jaman*

*Hameteg ingsun nyirep geni wiso murko*
*Maper hardening ponco, saben ulesing netro*
 *maper hardening ponco*
*Linambaran sih kawelasan, ingkang paring kamuyan*
*Sang Hyang Jati Pengeran*

*Jiwanggo kalbu, samudro pepuntoning laku*
*Tumuju dateng gusti, Dzat Kang Amurbo Dumadi*
*Manunggaling kawulo gusti, krenteg ati bakal dumadi*
*Mukti ingsun …tanpo piranti*
*Sumebyar ing sukmo madu sarining perwito*
*Maneko warno prodo, mbangun projo sampurno*
*Sengkolo tido mukso, kolobendu nyoto sirno*
*Tyasing roso mardiko*,……..
*Mugiyo den sedyo pusoko Kalimosodo*

*Yekti dadi mustiko, sajeroning jiwo rogo*
*Bejo mulyo waskito, digdoyo bowo leksono*
*Byar manjing sigro-sigro*
*Ampuh sepuh wutuh, tan keno iso paneluh*
*Gagah bungah sumringah, ndadar ing wayah-wayah*
*Satriyo toto sembodo, Wirotomo katon sewu kartiko*
*Kataman wahyu ……..Kolosebo*

*Memuji ingsun kanthi suwito linuhung*
*Segoro gando arum, suh rep dupo kumelun*
*Ginulah niat ingsun, hangidung sabdo kang luhur*
*Titahing Sang Hyang Agung*
*Rembesing tresno, tondho luhing netro roso*
*Roso rasaning ati, kadyo tirto kang suci*
*Kawistoro jopo montro, kondang dadi pepadang*
*Palilahing Sang Hyang Wenang*
*Nowo dewo jawoto, tali santiko bawono*
*Prasido sidhikoro, ing sasono asmoroloyo*
*Sri Narendro Kolosebo, winisudo ing gegono*
*Datan gingsir….sewu warso*