NGUDHI SUSILA

“NGUDHI SUSILA” SYAIR KARYA BISRI MUSTHOFA¹ DALAM BAHASA JAWA

بسم الله الرحمن الرحيم
صلاة الله مالاحت كواكب
علي احمد خير من ركب النجاءب
(Shalaatullaahi maa laahat kawaakib
  ‘alaa Ahmad khoiri mar-rakiban-najaa-ib).
1. Iki syiir kanggo bocah lanang wadon
Nebihaken tingkah laku ingkang awon
2. Serta nerangake budi kang prayoga
Kanggo dalan padha mlebu ing suwarga
3. Bocah iku wiwit umur pitung tahun
Kudu ajar thatha keben ora getun
4. Kudu tresna maring ibune kang ngrumati
Kawit cilik marang bapa kang gemati
5. Ibu bapa rewangana lamon repot
Aja kaya wong gemagus ingkang wangkot
6. Lamon ibu bapa prentah enggal tandang
Aja bantah aja sengol aja mampang
7. Andap asor ing wong tua najan liya
Tetepana aja kaya raja kaya
8. Gunem alus alon lirih ingkang terang
Aja kasar aja misuh kaya bujang
9. Yen wong tua lenggah ngisor sira aja
Pisan lungguh duwur kaya jama juja
10. Yen wong tua sare aja geger guyon
Lamon sira nuju maca kudu alon
11. Lamon sira liwat ana ing ngarepe
Kudu nyuwun amit serta depe depe
12. Lamon ibu bapa duka becik meneng
Aja melu padon uga aja nggreneng
A. Bab Ambagi Wektu
13. Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman
Aja pijer dolan nganti lali mangan
14. Yen wayahe Shalat aja tunggu prentah
Enggal tandang cekat ceket aja wegah
15. Wayah ngaji wayah sekolah sinau
Kabeh mau gathekake kelawan tuhu
16. Kenthong subuh enggal tangi nuli adus
Wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus
17. Rampung shalat tandang gawe apa bae
Kang prayoga kaya nyaponi umahe
18. Lamon ora iya maca-maca Qur’an
Najan namung sitik dadiya wiridan
19. Budal ngaji awan bengi sekabehe
Thatha krama lan adabe padha bae
B. Bab Ing pamulangan
20. Lamon arep budal menyang pamulangan
Thatha-thatha ingkang rajin kang resikan
21. Nuli pamit ibu bapa kanthi salam
Jawab ibu bapa ‘alaikum salam
22. Disangoni akeh sithik kudu trima
Supaya ing tembe dadi wong utama
23. Ana pamulangan kudu tansah gathi
Nampa pawulangan ilmu kang wigati
24. Ana kelas aja ngantuk aja guyon
Wayah ngaso kena aja nemen guyon
25. Karo kanca aja bengis aja judes
Mundak diwadani kanca ora waras
C. Mulih saking Pamulangan
26. Bubar saking pamulangan enggal mulih
Aja mumpar-mampir dolan selak ngelih
27. Tekan omah nuli salin sandangane
Kudu pernah rajin rapi aturane
D. Ono ing ngomah
28. Karo dulur kanca ingkang rukun bagus
Aja kaya kucing belang rebut tikus
29. Dadi tua kudu weruha ing sepuhe
Dadi enom kudu rumangsa bocahe
30. Lamon bapa alim pangkat sugih jaya
Sira aja kumalungkung maring wong liya
31. Pangkat gampang minggat sugih kena mulih
Alim iku gampang uwah molah-malih
32. Arikala sira madhep ring wong liya
Kudu ajer aja mrengut kaya baya
E. Karo Guru
33. Marang guru kudu tuhu lan ngebakti
Sekabehe printah bagus dituruti
34. Piwulange ngertenana kanthi ngudi
Nasihate tetepana ingkang merdi
35. Larangane tebihana kanthi yekti
Supaya ing tembe sira dadi mukti
F. Ana Tamu
36. Tatkalane ibu rama nampa tamu
Aja biyayakan tingkah polahamu.
37. Aja nyuwun duwit wedhang lan panganan
Rewel beka kaya ora tau mangan
38. Lamon butuh kudu sabar dhisik
Nganti tamu mundur dadi sira becik
39. Arikala padha bubaran tamune
Aja nuli rerebutan turahane
40. Kaya keting rerebutan najis tiba
Gawe malu lamon dideleng wong jaba
41. Kejaba yen bapa dhawuh he anakku
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku
42. Bagi rata sakdulurmu keben kabeh
Ketularan Alim, sugih bangha akeh
43. Niat ira nuprih berkahe wong mulya
Ora niat rebut turahe wong liya
G. Sikap lan lagak
44. Anak Islam iki mangsa kudu awas.
Aja nganthi lena mengko mundak tiwas
45. Luru ilmu iku perlu nanging budi
Adab Islam kudu tansah dipersudi
46. Akeh bocah pinter nanging ora bagus
Budhi pekertine sebab da gembagus
47. Ring wong tua gak ngergani gak ngajeni
Sajak pinter dewe langka kang madhani
48. Jare iku caranepun sak punika
Ora ngana dudu antelik merdeka
49. Ngagem blangkon serban sarung dadi gujeng
Jare ora kebangsaan ingkang majeng
50. Sawang iku pengeran Dipanegara
Imam bonjol Tengku Umar kang kuncara
51. Kabeh padha bela bangsa lan negara
Padha ngagem destar pantes yen perwira
52. Gujeng serban sasat gujeng Imam bonjol
Sak kancane he anakku aja tolol
53. Timbang gundhul apa ora luwih apik bagus
Ngagem tutup sirah kaya raden bagus
54. Kala-kala pamer rambut sak karepmu
Nanging kudu eling papan sesrawunganmu
55. kumpul mudha beda karo pul Kyai-ne
Nuju shalat gak padha mlancong nujune
56. Ora nuli mlancong gundhul shalat gundhul
Sowan mara tuwa gundhul nguyuh gundhul
H. Cita-cita luhur.
57. Anak Islam kudu cita-cita luhur
Keben dunya akhirate bisa makmur
58. Cukup ilmu umume lan agamane
Cukup dunya kanthi bekti pangerane
59. Bisa mimpin sakdulure lan bangsane
Tumuju ring raharja lan kamulyane
60. Iku kabeh ora gampang leksanane
Lamon ora kawit cilik tak-citane
61. Cita-cita kudu dikanthi gumergut
Ngudhi ilmu sarta pakerti kang patut
62. Kita iki bakal tininggal wong tuwa
Ora kena ora kita mesthi nuwa
63. Lamon kita padha katekan sejane
Ora liwat sira kabeh pemimpine
64. Negaramu butuh menteri butuh mufti
Butuh kadi, patih, setten lan bupati
65. Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter
ilmu agama kang nuntun laku bener
66. Butuh guru lan Kyai kang linangkung
Melu ngatur negarane ora ketung
67. Iku kabeh sapa maneh kang ngayai
Lamon ora anak kita kang nyaguhi
68. Kejaba yen sira kabeh ridho mbuntut
Selawase angon wedhus nyekel pecut
69. Sira ridho nggocik cikar selamine
Kafir ira mentul-mentul lungguhane.
70. Ora sela angon wedhus numpak cikar
Asal cita-cita ilmu bisa nenggar
71. Nabi kita kala timur pangon mendha
Ing tembene pangon jalma kang sembada
72. Abu bakar sidik iku bakul masar
Nanging nata masyarakat ora sasar
73. Ali Abu Thalib bakul kayu bakar
Nanging tangkas yen dadi paglima besar
74. Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah
Dadi mentri karo liyan ora kalah
75. Kabeh mau gumantung ing seja luhur
Kanthi ngudi ilmu sarta laku jujur
76. Tekan kene pungkasane Syi’ir iki
Larikane wolung puluh kurang siji
77. Muga-muga sejja kita sinembadan
Dening Allah ingkang nurunake udan
78. Pinaringan taufiq sarta hidayah
Dunya akhirate sehat wal ‘afiyah.
79. Amin amin amin amin amin amin
Falhamdulillaahi Rabbil ‘aalamiin.
آمين آمين آمين آمين آمين آمين
  فالحمد لله رب العالمين
___________

¹Bisri Musthofa, Syi’ir Ngudhi Susila, Rembang,